13. BAGAS: Weh.kok tenan.ampun dek ampun ojo di teruske.aku njaluk ngapuro
14. RITA: Tenanan ora kuwi tobate?ojo-ojo ming ngapusi
15. BAGAS : Tenan iki dek.aku wis tobat tenan.maafke aku yo dek?
16. RITA : Emm piye yo..yowis aku maafke nanging ojo di baleni yo mas
17. BAGAS : Iyo dek aku janji
18. RITA: Yowis.gek bali kono.
19. BAGAS: Sedilit.awak dewe durung kenalan.aku Bagas.kowe sopo?
20. RITA: Ngopo ndadak kenalan barang ki?
21. BAGAS : Mergo kowe wis nyadarke aku
22. RITA : Oo..yo yo...aku Rita
BABAK II
TEKAN NGOMAH RITA MLEBU PAWON AREP MANGAN. RITA KETEMU IBU NE NEMBE MASAK. RITA BANJUR DI DUKANI IBU NE.
23. IBU : Kok lagi tekan omah je nok?
24. RITA : Nggih niki bu
25. IBU : Lha seko ngendi je nok?
26. RITA : Saking kebon ngajeng niku bu
27. IBU : Ngopo wae nok ning kebon kok suwe? Mau pamite ming sedilit to nok?
28. RITA : Nggih kula pancen sekedap to bu. Nggih kula teng kebon namung lenggah-lenggah mawon.
29. IBU : Sedilit piye to nok? Wong suwi kok ngomong sedilit. Mau tak delok kowe ngobrol karo wong lanang. Sopo kuwi nok?
30. RITA : Rencang kula bu
31. IBU : Kanca mu sing endi? Ibu kok durung tau ndelok?
32. RITA : Nggih pokoke rencang kula bu
33. IBU : Ati-ati lho nok nek kekancan ki. Kudu pilih sing apik. Ojo nganti kowe melu-melu sing ora apik.{{rh|~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~||271}