114. SUNDIL : Endi endi Thi................ ya bahasamu rasah sunda Thi
115. KUNTHI: Kae lho ning duwure kuburane awake dhewe..... lagi pada shooting uji nyali Ndil
116. SUNDIL: Piye-piye bagus ora?
117. KUNTHI: Wayow jelas bagus ndil.... pokomen sip lahk...
118. SUNDIL: Wah piye wong Jawa pa wong Sunda?
119. KUNTHI: Wong Landa sing uji nyali ki......wonge ki nak menurutku ki ya duwur 200 cm nan, umur 20 tahun, rambute putih, bagus, kulite putih, irunge mancung
120. SUNDIL: Wuih wuih cocok kuwi Thi perlu di delok
121. POCUNG: Heh hehe..... kowe arep ngapa ta yank?
122. SUNDIL: Arep niliki wong cakep ning duwur
123. POCUNG: Sadar ora kowe wis duwe aku heh? (nesu)
124. SUNDIL: Sadar yank...... tapi kan bagus kae
125. POCUNG: Apow??????????? Kowe karo kae wis beda donya yank sadara kowe nyebut nyebut
126. SUNDIL : Astaghfirullah...... cakep mesti wonge sing uji nyali heheheheheh
127. POCUNG: Dasar wedokan ngeyel kandani bojone
128. KI KOLOR IJUK: Kae ngapa kok ribut-ribut ki ndok?
129. KUNTHI: Kae paling ribut mergo cowok sing neng duwur mas
130. KI KOLOR IJUK: Lha piye ta emange ndok?
131. KUNTHI: Ngene lho kang masku, mau ki sik Sundil tak critani yen sing uji nyali bagus, cakep banget wong Landa...... nah njuk dha udur kae Pocung karo Sundil
132. KI KOLOR IJUK: Lha kowe ya petuk ndok.... reti nak Kunthi ki matane jelalatan lan Pocung cemburuan kok malah nak dikandani ngono
266
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~