59. Cika : “Ya, iya. Ora apa-apa kok,”
60. Cahyo : “.. lho? Cika?? kowe ngapa ning kene..?”
61. Cika : “Eh, Cahyo.. Iya, aku bar ngeterke Mama check up, ning aku ana perlu dadine mamaku bali dhisik, kowe dewe ngapa ning kene?”
62. Cahyo : “Iki, Dodo adine Lina ketabrak, saiki ning kamar 108”
63. Cika : “Oh…”
64. Cahyo : “Kowe isih nesu karo Meta? karo aku barang?”
65. Cika : “Ora sih. Rada mangkel wae. La ngapa?”
66. Cahyo : “Cik, aku ki ngerti Alexsa ki dudu bocah sing apik, Lili ki manfaate kahanan ne awake dhewe sing lagi ora apik, Cik awak dhewe kan kekancan suwi.
67. Cika : “Tapi si Meta iku lho.”
68. Cahyo : “Bagus wis njelaske ning Meta lan Meta ngerti, mosok kowe ra isa ngerti??”
69. Cika : “Mmmh.. piye ya?? Iya sih, aku dhelok Lili ki ora apik. Mm.. aku piker aku njaluk ngapura waelah karo Meta…”
70. Cahyo : “Naah, Ya wis, kowe melu aku wae saiki ning kamare Dodo. Nunggu Meta karo Bagus teka,”
71. Cika : “Yo wis yo!!”
ADEGAN XI
MAMA KARO PAPA DODO TEKA
72. Mama : “Dodo!! Anakku sayang,”
73. Papa : “Delok ki! Ngurus anak wae ra pecus!!”
74. Mama : “Iki ya salah papa! Sibuk terus ra ana wektu nggo ngancani Dodo Dolanan” (balik menyalahkan)
75. Lina : “Uwisss..!! Mama karo Papa padha wae! Dodo lagi loro isih wae ribut, Lina kesel, Ma, Pa,
76. Dodo : “Mama.. Papa.. Mbak Lina..” (Wis Sadar)
77. Papa : “Mama.. Dodo.. Lina.. Papa njaluk ngapura ya? Papa janji bakal nyediake wektu nganggo
256
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~