6. Lina : “Hmm, dasar ket dhisik kok ra tau berubah”
7. Meta : “Hahaha wis biasa, Na. Nek ora ngono, dudu Cika jenenge,”
8. Lina : “Eh, ngelak ki.. ngombe es kayane seger.!!”
9. Cahyo: “ya iya lah. Oke nek ngono aku tuku es dhisik ya, di enteni ning kene wae karo Meta,”
10. Meta: “Na.. jannjane sasi-sasi iki ana sing beda karo aku. Aku wis ora isa nyimpen iki kabeh, lan kanggoku ming kowe sik isa nyimpen rahasia iki.
11. Lina: “Rahasia? Cerita wae, Ta.. awake dhewe kan konconan wis suwe.”
ADEGAN III
NDILALAH, CAHYO WIS KETOK SEKO KADOHAN NGADEK NGGAWA PIRANG-PIRANG BUNGKUS ES NING TANGANE.CAHYO LANGSUNG NEKANI META DAN LINA, LAN KAGET NGRUNGOKKE OBROLANE META.
12. Meta : “Aku.. seneng Bagus!!”
13. Cahyo : “Hah..?! Meta seneng Bagus?? CIKA TEKA BAR SEKO WC.
14. Cika : “Hah?!”
15. Lina : “Eh, koe wis padha bali!”
16. Cika : “Ta.. bener kowe seneng Bagus??”
17. Meta : “Hmm.. ngomong apa ta kowe ki..?”
18. Cika : “Halah..!! rasah ngapusi.. aku krungu kok!”
19. Lina : “Kowe salah krungu, paling?”
20. Cika : “Ta, kayane kowe kudu ngerti! Aku seneng karo Bagus wis suwi banget, kowe ra oleh ngono, kaya ra ana sik liya wae”
21. Cahyo : “Heh, Wis meneng kabeh!!”
22. Meta : “Oh ngono ta?!, kowe wawe sik seneng karo wong liya, ngapa ndadak ngakon aku??”
KAHANAN SOYO RUET MERGO ORA ONO SING GELEM NGALAH.
252
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~