91. Nawang Tahun: Kangmas Jaka Ngeyub wau sanjang ajeng nggarwa kulo yen saged nemokne slendangku, e...malah smaput wiroh wajahku seng elek iki (jujur karo kahanan sing elek rupane)
92. Nawang Wulan: Kangmas, asmane sinten, kok kadose ngagem slendang memper gadhahan kula. (taken dhateng Genter)
93. Jaka Ngeyub: Iku kancaku Den Widadari, asmane Genter. Nggih piyambake niku sing kulo sukani slendhange njenengan, sing sanjange ambune kecut.
94. Genter: Inggih leres Denayu, nanging slendhange pun kula rawati lan pun kula cuci ngangge Rinso anti noda pembersih pakaian ampuh kados iklan teng tv,...he heeee........
95. Nawang Wulan: (Kepincut karo becike watake Genter, lan dheweke wiwit seneng amarga trapsilane lan pidegsane Genter). Kangmas Genter, menapa saget kulo pendhet malih slendhang kula?
96. Genter: Oh....monggo...monggo.... (mesem isin nalika nyawang rupa ayu lan eloke Nawang Wulan)
97. Nawang Tahun: Mbakyu Nawang Wulan, Sliramu kayane cocog lho dadi garwane Mas Genter iki. Sliramu becik watake, Mas Genter nggih sami saene.
98. Nawang Wulan: Ah, kowe ngomong apa, aku dadi isin (krasa isin-isin), Kangmas Genter matur suwun nggih pun mbangsulaken slendhang kulo, lan sampun ngrawat kanthi sae, senajan slendhang kula kecut ambune.
99. Genter: Injeh sami-sami (karo sajak isin olehe mangsuli)
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
249