Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/269

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

NAWANG TAHUN UGI KAGET KARANA JAKA NGIYUB SEMAPUT

81. Nawang Tahun : Waduh kok semaput, tuluuung... tuluuug (Nawang Tahun ngupaya bantuwan)

82. Nawang Wulan : Ho..oh iki piye...

GENTER SING BALI SAKA SAWAH KRUNGU PAMBENGOKE NAWANG TAHUN

83. Genter : Kayane, ana swara wong njaluk tulung, wah nang endi ya asale swara iku,....(goleki asal swara njaluk tulung mau)

84. Genter : Ow, saka arah grojogan kali, ta! Wah, ya tak mrana wae, mbokmenawa pancen ana wong sing lagi diganggu kewan alas. (mlayu karo ngerut wetenge nganggo slendhang banjur gage nyangking arit)

GENTER NEMOKE JAKA NGIYUB, KANCANE, KARO WIDADARI CACAH LORO, ING PINGGIR KALI.

85. Genter : Nyuwun ngapunten nggih, menapa njenengan sing njerit tulung-tulung wau?

86. Nawang Tahun : Iyo, Mase iki semaput weruh aku.... (Nawang Wulan mesem)

87. Nawang Wulan : Napa Kangmas saget mbiyantu nggugah Mas nggantheng iki?”

88. Genter : Niki rak rencang kulo, Jaka Ngeyub. Inggih, kula saget mbantu. Mangke kulo sirame nggangge toya kali, rak terus tangi. ( banjur nyiram Jaka Ngiyub nganggo banyu kali, sanalika Jaka Ngeyub tangi)

89. Jaka ngeyub : Aku neng endi iki, kowe nyiram aku to...Ter?

90. Genter : Iya, awakmu mau semaput, jarene Den Widodari iki, awakmu semaput weruh rupane...

248

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~