ADEGAN 13
ING WAYAH ESUK, ANA WONG LANANG NGGANTENG NYEDHAKI NAWANG WULAN LAN NAWANG TAHUN, SEKO ARAH MBURI.
67. Jaka Ngiyub : (Kanthi gumun lan penasaran Jaka Ngiyub nyedaki Nawang Tahun. Batine: Ha iki, mesti iki widodari ....., uuuayu.)
68. Jaka Ngiyub : He Cah Ayu! Kok nangis ning tengah alas? Ana perkara apa? Mbokmenawa aku bisa mbebantu?
69. Nawang Tahun : (Karo isih mingsek-mingsek lan isih ngungkurake Jaka Ngiyub) A….. aku ra isa mulih Mas, slendhangku ilang.
70. Jaka Ngiyub : Lha omahmu ngendi Dhik...?
71. Nawang Tahun : Omahku adoh Mas, kayangan.
72. Jaka Ngiyub : Dadi, Sampeyan iki dudu wong kene?
73. Nawang Tahun : (Terus nangis)
74. Nawang Wulan : Uwis-uwis aja nangis wae. Dadi widodari kok mewekan.
75. Jaka Ngiyub : (Jaka Ngiyub nyedaki Nawang Tahun) Aku ngerti Njenengan sinten merga aku nemu slendangmu...
76. Nawang Tahun : Iku tegese Njenengan sing njupuk slendangku?”
77. Jaka Ngiyub : Dudu… dudu aku seng njupuk. Ning, nek aku isa nemokake slendhangmu, apa gelem dadi bojoku?
78. Nawang Tahun : Apa njenengan ra bakal kuciwa?
79. Jaka Ngiyub : Ora. Aku manteb.... Aku nompo awakmu apa anane... Apa njenengan gelem takpek bojo?
80. Nawang Tahun : (Karo noleh madhep Jaka Ngiyub, mengkono uga Nawang Wulan) Hah !!! nggarwo trus nikah?? Yalah,”
(JAKA NGIYUB SANALIKA SEMAPUT KARANA MERUHI RAINE NAWANG WULAN INGKANG AWON).
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
247