Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/267

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

58. Ratu : Putri-putriku, sliramu kabeh saka ngendi wae..... Lha, njur sedulurmu Nawang Wulan lan Nawang Tahun kok

59. Lima widadari : (Mangsuli pitakonane Ratu karo gugup saking wedine) A..a..a...anu Kanjeng Ratu, Nawang Wulan kaliyan Nawang Tahun kantun ing bumi...

60. Ratu : Lha kok isa ngono, kepriye critane?

61. Nawang Jam : A..a..a...nu wau dalem sakrencang adus ing alas, ing grojogan.. Salajengipun, slendhangipun Nawang Wulan lan Nawang Tahun ical.....mboten kepanggih malih. Lajeng, Mbakyu Nawang Minggu ngajak kita nilar.

62. Ratu : Apa bener tuture Nawang Jam, heh Nawang Dino?

63. Nawang Minggu : Inggih, Kanjeng Ratu....

64. Ratu : Sliramu kabeh kuwi sedulur, kok ora nduwe rasa paseduluran lan ora gelem nulungi sedulurmu dhewe sing lagi susah, atimu dha ra nduwe rasa pa piye? Awit cilik didhidhik akhlak sing becik kok saiki dho ora apik tumindake?

(WIDADARI LIMA KABEH IKU NGRUNGOKAKE NGENDIKANE KANJENG RATU KANTHI POLATAN NDHUNGKLUK)

65. Ratu : Ya wis, gandheng sliramu kabeh salah, Ingsun ngukum sliramu kabeh... Sesuk sliramu kabeh kudu bali ing bumi, nggoleki Nawang Wulan lan Nawang Tahun nganti ketemu.

66. Widadari Lima : Inggih, sendika dhawuh, Kanjeng Ratu.

246

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~