GENTER MEDAL SAKING PANGGUNG, LAJENG WANGSUL MALIH, ANANGING PACULIPUN KANTUN.
40. Genter : (Genter mendhet pacuipun) Wadhuh aku lali, paculku keri.....Wah takbalenane sesuk esuk wae...., wis wengi.
ADEGAN 9
WIDADARI PITU BALI MALIH ING PAPANIPUN ADUS MAU AMARGI MBOTEN NEMOKAKEN SLENDANGIPUN NAWANG WULAN LAN NAWANG TAHUN
41. Nawang Wulan : Ya wis, ayo goleki sik.
42. Nawang Menit : (cuek) Meneketehek, iku urusanmu.
43. Nawang Tahun : Sliramu kok ngoten to mbakyu…..?
44. Nawang menit : Lha ngopo…? Kowe ra trimo? (karo njorogake Nawang Tahun nganti tiba)
45. Nawang Tahun : Mbakyu, manah kula sakit yen sampeyan watakipun makaten… (karo nangis)
46. Nawang Wulan : Uwis, uwis.. kok malah dho padu….. (karo nulungi Nawang Tahun) Awake dhewe ki sedulur ta, mbok yo sing rukun…. '('karo ngelus dhodho).
47. Nawang Menit : Wis ayo gek bali neng kayangan wae, ben Nawang Wulan lan Nawang Tahun tinggal ing bumi, nganti do nemoke slendhange dhewe-dhewe.
48. Nawang Detik : Iya, iki wis sore. Awake dhewe ora bisa mabur nek bengi-bengi.
49. Nawang Dina : Iya…ya, megko mlah nabrak-nabrak……ha ha ha ha haa (ngguyu). Bener kowe.
50. Nawang Tahun lan Nawang Wulan : (Nawang Tahun nangis) Trus aku piye Mbakyu??
51. Lima Widodar : Meneketehek.
52. Nawang Menit : Iku urusanmu .
53. Nawang Minggu : Salahmu dhewe, ndeleh slendhang sembarangan.ha haaaa rasakn!! (karo nuduhake ekspersi muring) Nawang
244
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~