075. Sinta : Ora Mas, iki ora kaya sing mbok pikirke Mas
076. Satriyo : (raine abang, tangane malangkrik) Terus apa? hah?
077. Bagus : (ngadeg, mbengok) Satriyo saiki kowe lungo, rasah nggawe kisruh ing ijabku
078. Satriyo : Kowe iki sapa, Sinta ki pacarku ket biyen tekan saiki
079. Bagus : Halah, saiki Sinta wis ora tresna karo kowe. Sinta tresnane karo aku.
080. Satriyo : Aku yakin, Sinta isih tresna karo aku. Sinta… (nyekel tangane sinta lan mandeng matane Sinta) saiki jawab pitakonku, apa tenan kowe wis ora tresna karo aku?
081. Sinta : (nangis)
082. Satriyo : (nyentak Sinta )Dek, jawab pitakonku
083. Sinta : a…a…aku ijih tresna karo kowe mas
084. Satriyo : hahaha (ngakak) , saiki arep ngopo koe gus, Sinta sak tenane ijih tresna karo aku
085. Bagus : (mandeng Sinta) dadi kowe ngapusi aku Sin? kowe ijih tresna karo Satriyo?
086. Sinta : Aku njaluk ngapura mas, aku nglakoni iki amarga kepekso
087. Bagus : Kepekso ? opo amarga awake dewe di jodohke … uwes lah Sin, aku wis loro ati karo kowe, ayo pak wangsul mawon
088. Pak Atmo : Lho pak, badhe tindhak pundhi ? niki ijab qobule pripun?
089. Pak Lurah : Halah, uwis. Aku ra gelem anakku nikah karo anakmu
090. Pak Atmo : (raine abang) Satriyoo, lanangan kurang ajar kowe, ngopo kowe teko lan gawe kisruh ?
091. Satriyo: Nyuwun ngapura pak, aku teko amarga aku arep nglamar Sinta pak
092. Pak Atmo: Hah ? arep nglamar Sinta. Hahaha nduwe modal opo we arep nikahi anakku?
093. Satriyo : Bapak njaluk apa Pak? bakale tak turuti!
094. Pak Atmo : Mas kawin dua kali lipat!
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
236
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~