Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/252

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Siska Rahmawati
SMA Negeri 1 Kasihan


KSATRIYA ASMARA


ADEGAN I
SORE-SORE KETOK SATRIYO LAN SINTA LAGI LUNGGUH NING SOFA NING RUANG TAMU OMAHE SINTA. ING RUANG TAMU ONO RONG GELAS ES TEH LAN VAS KEMBANG NING NDHUWUR MEJO.
001. Sinta : Ana apa Mas rene? Kok ndingaren
002. Satriyo : Iki lho Dik, ana perkara penting sing arep tak omongke karo kowe Dik
003. Sinta : Perkara apa ta Mas?
004. Satriyo : Tapi, aja kaget ya Dik, ora maksudku kaya ngene
005. Sinta : Kang Mas ki arep ngomong apa ta Mas ? gek ndhang diomongke karo aku, rasah kesuwen, aku penasaran ki Mas
006. Satriyo : Dik, huuuhh (ambegan dowo) a…a… aku jaluk pedhot! 007. Sinta : Hah? ngomong apa kowe Mas?
008. Satriyo : Krungu ora kowe Dik, aku jaluk pedhot!
009. Satriyo : Krungu ora kowe Dik, aku jaluk pedhot!
010. Sinta : Ngapa Mas kowe jaluk pedhot? mesthi kowe duwe wedokan liya ta Mas? ayo ngaku!
011. Satriyo : Ora Dik, aku udu lanangan bejat koyo sing mbok pikirke

012. Sinta : Terus apa meneh alesane yen ora amarga kowe duwe wedokan liya Mas? kurang ajar kowe Mas, tegel-tegele kowe nyleweng.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

231