Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/250

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

061. PAIJO : Wa..lah.. Pak., kula kalian kanca kula nyuwun diparingi pitulungan sakmenika.., kula kalian kanca kula mboten sengaja menika ngobrak abrik kuburan nipun putra Bapak.
062. BU KULI : Ana apa iki, Pak? Rame-rame wae wis wengi kaya ngene. Iso padha meneng ora, mbribeni wong turu. (muring)
063. PAK KULI: Ora ngono, Bu ne. Iki cah enom, ngobrakabrik kuburane anake dhewe. Ora trimo aku.. Duh Gusti paringono sabar…
064. BU KULI : (kaget) Duh Gusti… kuburane anake dhewe padha diobrak-abrik.., wani tenan cah enom kuwi. Kene nek wani ngadepi aku. Pingin tak pithes-pithes (karo swara nesu).
065. PAIJO: Nyuwun ngaputen, Bu. Kula kalian kanca kula menika mboten mangertos… (keweden)
066. PAK KULI: Ora ngerti piye..!!! (karo nggebrak meja).
067. BU KULI: Haduh.. Gusti salah apa anakku kuwi.. (karo nangis).
068. PAK KULI: Wis.. rasah nangis, Bu ne. Aku pokoke njaluk tanggungjawabmu. (karo nduding Paijo).
069. BU KULI : Bener kuwi, Pak! Aku ra trimo kuburane anakku diobrak-abrik.
070. PAK KULI: Iyo, Bu ne.., saiki kowe, cah enom tanggungjawabmu piye?
071. PAIJO: Menapa kula kalian kanca kula saged mbenahaken kuburan nipun putra Bapak?
072. PAK KULI : Kowe arep kaya ngono tangungjawabe., Ya, tak oleh ke nanging siji kowe padha ora entuk ngrubah tatanane kuburane anakku. Terus kowe kudu saiki mbenakake kuburane anakku. Sanggup? (karo nantang).
073. PAIJO : Menapa mboten enjing mawon, Pak? Sak menika sampun ndalu. (bingung)
074. PAK KULI : Wis.., diwenehi pitulungan isih njaluk maneh!!! (karo nesu-nesu).

075. BU KULI: Wis, penak kowe ki, cah enom!

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

229