Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/240

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19. Pak Tono : Lha niku apa ha...? dielekke kok ora nggugu
20. Febri : Lha nek niku ki kepinginan kulo Pak? (nyembah) please.. Pak, angsal nggih Pak..
21. Pak Tono : Wis... embuh..! (mlaku metu nyamplak tangane Febri karo nesu)
22. Febri : Pak... Pak... gandheng Febri nyeluk Bapakne ora digubris, banjur mlayu mlebu neng kamar (ngadek)

ADEGAN II
NENG NGISOR WIT JAMBU, NENG NGAREP OMAHE FEBRI, WONG LORO LINGGUH LAN OMONG-OMONGAN BAB SEKOLAHE FEBRI
23. Bimo : Kepiye dik, dik Febri arep daftarke neng endi?
24. Febri : Aku arep daftarke neng SMK ST Mas..
25. Bimo : SMK ST ki rak SMK Seni Tari to...?
26. Febri : Ho.. oh Mas, lha ngopo to...?
27. Bimo : Lha mbok rasah neng kono wae kepiye..?
28. Febri : Lha aku kepingin neng kono wae mas...
29. Bimo : Dik Febri kepiye to...?
30. Febri : Piye apane to mas..? lha wong aku pingin neng kono kok !
31. Bimo : Dik Febri sekolah nggok koyo ngono..
32. Febri : Kaya ngono kepiye ta Mas....?
33. Bimo : Dik Febri ki ngerti ora, sekolah Seni Tari ki wonge do ora bener, dik Febri pingen dadi wong ora bener koyo ngono kae..? (nesu)
34. Febri: Tapine.. kan ora do ngono kabeh.
35. Bimo : Arepo kae dik Febri pentas mesti bukak aurat to..?
36. Febri : Ningo aku pingen sekolah neng kono
37. Bimo : Pokok aku ora setuju..!
38. Febri : Ningo kan kuwi ki...nglestarek ake budayane dewe

39. Bimo : Yo...uwis...sak karepmu, nek kowe pilih sekolah neng SMK ST, luwih apik awake dhewe putus wae..! (ngadek)

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

219