Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/237

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

103. JUMI :Aku ya ora ngerti Mas.
104. BAPAK: Ya uwis, saiki aja padha ribut meneh!
105. BADRUN : Ora ribut piye Pak!, aku uwis ra sabar!
106. BAPAK : Uwis melasi bojomu le, mengko aku tak tuku iwak ning pasar.
107. BADRUN : Uwis lah Pak, aku uwis warek.

ADEGAN XII
BADRUN MUTUNG, NINGGAL AKE SIMBOK, BAPAK, LAN JUMI ANA ING PAWON. BADRUN MLEBU NENG KAMAR. JUMI BANJUR NYUSUL ING KAMAR.
108. JUMI : Mas, aja mutung ta. Aku nyuwun ngapura.
109. BADRUN : Ya... (atos)
110. JUMI : Aku ora reti Mas yen bahasa Jogja karo Malang ki beda.
111. BADRUN : Iya! uwislah. (nyentak)
112. JUMI : Saiki dhewe lunga metu wae Mas, maem ana ing jaba. Kelingan wektu pacaran.
113. BADRUN : Wegah!
114. JUMI : Halah Mas.

ADEGAN XIII
KRUNGU SUARA WETENGE BADRUN, PRATANDA YEN BADRUN NGELIH.
115. BADRUN : Hmmm...
116. JUMI : Melasi weteng mu Mas he.he.he (karo ngguyu)
117. BADRUN : He.he.he, kowe iki dik. Ya wis ayo mangan ing njobo.
118. JUMI : Ora mutung meneh ta Mas?
119. BADRUN : Iya, tapi aja dibaleni meneh. Aku ya sayah je dik.
120. JUMI : Iya Mas, aku ya ora ngerti je. Aku jaluk ngapura.
121. BADRUN : Mulakna sesuk sinau basa uwong Jogja.

122. JUMI : Iya Mas.

216

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~