Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/235

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN VII
BADRUN LAN BAPAK BUDHAL, BADRUN CEPET-CEPET AREP MULIH AMERGA KELINGAN IWAK ING OMAH. BADRUN LAN BAPAK UWIS TEKAN OMAH. UWIS ORA SABAR NGENTENI IWAK MASAKANE JUMI.
62. BADRUN : Assalamu’alaikum.
63. JUMI : Wa’alaikum salam Mas.
64. BADRUN : Pie dik iwake?
65. JUMI : Uwis kok Mas, kuwi ana ning mejo.
66. BADRUN : Ya, maturnuwun lo dik. Aku sayah banget!
67. JUMI : Iya uwis, saiki leren dhisik karo madang, Bapak neng ngendi Mas?
68. BADRUN : Mau langsung neng kolah, lha neng endi Simbok?
69. JUMI : Simbok lagi nyapu ning kebon, ya uwis gek madang wae Mas.

ADEGAN VIII
BADRUN JUPUK PIRING LAN LAWUH ING PAWON
70. BADRUN : Iwake ana ing endi ya? (alon, karo bukak lawuhe) 71. JUMI : Ana apa Mas, kok meneng wae?
72. BADRUN : Kowe ki dhong ora ta dik?
73. JUMI : Lh...lha pie ye ta Mas? (wedi)
74. BADRUN : Omongmu mau arep masak iwak, lha endi?. Iki mung ana godhong tela karo tempe dik!
75. JUMI : Lha iki kan iwak tempe.
76. BADRUN : Uwis jan ! Kowe ki ora dhong ! Ora reti bojo kesel, seko sawah.

ADEGAN IX
SAKING ORA SABARE BADRUN BANTING PIRINGE NGANTI PECAH. 77. JUMI : Apa sing mbok jaluk ta Mas?
78. BADRUN : Iwak iki ya iwak bawal pa nila. Kok iwak tempe!
79. JUMI : Duh Gusti! Sabar ta Mas. Aja dibanting meneh piringe.

80. BADRUN : Uwis lah! aku kesel.

214

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~