ADEGAN VII
ONO INGI KAMPUNG WARGO DESO PODO OPYAK NGGRESULO LORO FLU
106. WARGO 1 : Wadoh.... wadoh iki lara ora marimari
107. WARGO 2 : Lara apa yu?
108. WARGO 1 : Iki irung buntet, awak adem panas ora kepenak
109. WARGO 2 : Aku ya watuk ora mari-mari, klambiku ilang kabeh dijupuk maling, jan kurang ajar tenan malinge
110. WARGO 3 : Klambimu ya dimaling ta? Padha nek ngono, anakku, bojoku, padha lara pilek kabeh.
111. PAK RT : Wargo-wargo padha reti urung, ana kabar yen sing nyolong klambi-klambine wargo kene iki babi-babine Mbah Darmo
112. BU DUKUH : Wallah-wallah babine Mbah Darmo maning
113. WARGO 1 : Wo alaahh, babine Mbah Darmo 114. WARGO 2 : Paling mangkel karo awake dhewe
115. WARGO 3 : Lha pripun niki Pak RT, deso iki keneng pagebluk
116. PAK DUKUH : Hemm… Hemm… Mulane mbiyen rak wis tak kandhani aja digebuki malah padha digebuki lan diusir ya kaya ngene iki akibate
117. PAK RT : Trus niki pripun Pak Dukuh?
118. PAK DUKUH : Ya wis, ngene wae, saiki ayo barengbareng kabeh para wargo njaluk pangapuro karo Mbah Darmo, supoyo wargo deso iki ora keno pagebluk
119. PAK RT : Nggih Pak Dukuh, sendiko dawuh Ayo para wargo njaluk ngapuro marang Mbah Darmo
120. PORO WARGO : Nggih sendiko dawuh
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
209