Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

enggal. Manungsa enggal ingkang siyaga dados berkah tumrap sesaminipun.

Candhi Hati Kudus Tuhan Yesus menika kabangun wiwit surya 26 Desember 1927 lan kaberkahan dening Mgr. Van Velsen ing surya 11 Februari 1930. Patung Gusti Yesus ingkang cumondhok ing salebeting greja dipun busanani ageman raja Jawi.

Wonten ing nginggil patung sinerat mawi aksara Jawi, ingkang ungelipun "Sampeyan Dalem Maha Prabu Yesus Kristus Pangeraning Para Bangsa". Dene ing pyan (langit-langit) ing candhi papanipun patung Hati Kudus Tuhan Yesus wonten ornamen Tri Tunggal Maha Kudus kanthi corak Jawi.

Ing wulan Mei 1997 dipun panggihaken sumber toya ing ngandhap candhi Ganjuran. Sumber toya menika pranyata kembar lan dhebitipun 30.000 liter saben menitipun. Tirta ingkang medal saking sumber wau kasebat "Tirta Prawitasari".

Greja Ganjuran ingkang kabangun ing taun 1924 rubuh amargi lindhu ageng ing tanggal 27 Mei 2006. Nanging ing tanggal 22 Juni 2008 wiwit kabangun greja enggal kanthi cakrik Jawiingkang rinaos kenthel. Bangunanipun awujud joglo, lan tabernakel-ipun ugi wonten ciri Jawinipun.

Sasanesipun arupi bangunan, lestarining kabudayan Jawi saged dipun tingali saking basa Jawi ingkang dipun ginakaken nalika ekaristi ing Greja Hati Kudus Tuhan Yesus Ganjuran. Ekaristi ing Greja Ganjuran ingkang ngagem basa Jawi inggih menika Misa Malem Jemuah Kapisan. Misa menika dipun wonteni ing malem Jemuah kapisan saben wulaninipun. Misa ngagem basa Jawi kairing Astuti Sakramen lan kalajengaken tirakatan. Wonten ing ekaristi Malem Jemuah Kapisan ugi dipun wonteni arak-arakan Sakramen Maha Suci.

Wonten ing wulan Juni, sesarengan kaliyan wulan Hati Kudus(magepokan kaliyan pengetan santo pelindung Paroki Ganjuran) dipun wonteni Prosesi Sakramen Maha Kudus. Prosesi menika binuka kagem umat Katolik umum lan kaleksanan mawi adat Jawi. Prosesi Agung menika ngagem tata cara liturgi Jawi.

10

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~