Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/221

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

098. Gendhis : “Ora. Aku ikhlas kok.”

099. Bams : “Rasah, rasah, rasah.” Bams lunga.

ADEGAN X

BAMS MLAKU MONDHAR-MANDHIR NING TERAS OMAHE

0100. Bams : “Akhire usahaku sesasi iki wis isa maju. Nanging kok pikiranku isih ora tenang. Pak Parman teka lan lingguh ning kursi.

0101. Pak Parman : “Kowe ki ngapa? Usahamu eneng masalah pa piye?

0102. Bams : “Ora, Pak.”

0103. Pak Parman : “Lah terus ngapa?”

0104. Bams : “Ming akhir-akhir iki aku kepikiran Gendhis terus?” (Lingguh ning jejere Pak Parman)

0105. Pak Parman : “Bukane kowe mbiyen sengit karo Gendhis.”

0106. Bams : “Telung sasi, pas aku lara dhekke ngancani aku. Nanging wis sesasi iki, sakwise aku mari dhekke wis arang ngetok. Aku dadi kepikiran Gendhis terus, Pak. Nek dimatmatke dhekke ayu banget sih.”(ngengetke ndhuwur karo bayangke Gendhis) “Mripate ndamar kanginan, alise nanggal sepisan, irung kencana pinatar, lambene nggula satemlik, pawakane ramping, watake andhap asor. Ngapa biyen aku sengit banget karo kae ya?”

0107. Pak Parman : “Kok takon Bapak? Le, kowe seneng, tresna tenan karo Gendhis, mbok gek dang omong.”

0108. Bams : “Apa Gendhis gelem nampa aku?”

0109. Pak Parman : “Kowe kan durung nyoba. Nek ora ditampa ateges dudu jodhomu, nek ditampa ya syukur. Wis gek dhang kono!”

0110. Bams : “Tenan ki Pak?”

0111. Pak Parman : “Tenan. Tak restui.”

0112. Bams : “Inggih, Pak. Nyuwun dhangane. Kula pamit.” Bams kesenengen lan terus lunga.

200

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~