ADEGAN VIII
BRAM TEKA KARO SARAH, JHON, TONO, LAN TINA
082. Bram : “Wah . . . sepasang orang miskin agek hyanghyangan.” Padha ngguyu kajaba Bams lan Gendhis.
083. Sarah : “Mesrane . . ., ha ha ha . . .”
084. Bams : “Hei! Aja ngawur nek omong. Aku karo Gendhis ora eneng apa-apa.”
085. Tono : “Wis, wis, wis. Nek ora eneng apa-apa ya ora pa-pa. Ateges aku isih duwe kesempatan methukke cah ayu iki.” (nggodhani Gendhis)
086. Jhon : “Ora ming kowe sing pengin cah ayu iki, aku ya pengin.”
087. Tina : “Cah wedok kaya ngono kok dha direbutke?”
088. Sarah : “Tenang wae Tin. Wong miskin kaya ngono paling dha nggo dolanan. Nek wis jeleh terus diguwang.” Padha ngguyu. Gendhis nampar pipine Sarah.
089. Gendhisaa : “Kowe ora pantes ngomong kaya ngono kuwi karo sing padha-padha cah wedok.”
090. Sarah : “Wani-wanine kowe nampar aku.”
ADEGAN IX
SARAH AREP NJAMBAK GENDHIS NANGING TANGANE SARAH DIGUJENGI LAN DIPUNTIR KARO BAMS. BRAM NESU LAN NGANTEM RAINE BAMS. BAMS TIBO
091. Bram : “Kurang ajar kowe. Ayo lunga! Ora guna ngladeni wong miskin.” Bram lan kanca kancane lunga.
092. Gendhis : “Kowe ora pa-pa?”(ngewangi Bams ngadeg)
093. Bams : “Ora pa-pa.”
094. Gendhis : “Matur nuwun.”
095. Bams : “Rasah, aku nulungi kowe mung arep balas budi. Saiki aku ra duwe utang karo kowe.”
096. Gendhis : “Dakobati sik ya?”
097. Bams : “Rasah, ndhakne aku duwe utang meneh karo kowe.”
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
199