Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/217

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

033. Gendhis: “Ora omong apa-apa. Wis, suwe-suwe aku ora betah ning kene.”

034. Bams: “Enak wae arep lunga.”

035. Gendhis: “Lah terus? Karepmu ki apa?”

036. Bams: “Bocah loro kuwi tinggal sik, urusanku urung rampung.

037. Gendhis : “Urung rampung piye? Bocah loro iki kan wis jaluk pangapura, wis tok jewer nganti nangis .Wis, ayo dhik mulih!” (Langsung lunga)

038. Bams: “Weee . . . malah minggat. Dhasar wong miskin.”


ADEGAN IV

WAYAH BENGI, BAMS LINGGUH NING CAKRUK DHEWE.

039. Bams : “Bapakku mau omong, nek bapak agek wae kapusan terus usahane dadi seret. Terus aku, rasida ditukokke montor anyar deh. Kepiye leh ku omong karo kanca-kanca, apa maneh karo Sarah. Isa-isa aku dipedotke.” Bram sing agek mabuk teka.

040. Bram : “What’s up Bro? Putra Bapak Suparman, wong paling sugih ning kutha iki. Nanging . . .. Sik sik, dhelo engkas kan kowe dadi wong miskin. Ha ha ha . . .”

041. Bams : “Apa maksudmu omong ngono kuwi?”(nesu)

042. Bram : “Lah iya tenan ta. Bapakmu wis ngedol kabeh lemahe karo bapakku.” Bams besengut.

043. Bram : “Bams dadi wong miskin, Bams dadi wong miskin. Ha ha ha . . .” Bram gujengi klambine Bams lan nyerakke raine ning raine Bams. (nyanyi)

044. Bram : “Bams alias Bambang Suparman, dadi wong miskin. Ha ha ha . . ..” (nguculke gujengane) “Bams alias Bambang anake wong sugih saiki . . .” (bengok) “Dadi anake wong miskin. Ha ha ha . . .”

045. Bams : (nesu) “Kurang ajar kowe!” (ngantem raine Bram)

196

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~