Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/213

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

175. JURAGAN GUDEG : “Aku ki wis sui ngincer anakmu loro kui, aku ki ora Duwe anak, aku wis seneng kara anak-anakmu, anakmu Kui arep tak pek anak, mula kui aku gedhok-gedhoke dadi wong biasa supaya aku bisa nyelidiki selukbeluke anak-anakmu, lan supaya ora ana sing curiga, ananging aku ora ngarepke kadadean koyo ngene ki.”

176. BAPAK : “Assss…”

177. JURAGAN GUDEG : “Saiki aku arep nepati janjiku, nek kowe ngaku.”

178. BAPAK : “Yo aku bakal ngaku ananging ..?”

179. RINI : “Mboten pak.. , bapak ampun pamrih.”

180. JURAGAN GUDEG : “Sak iki aku soyo yakin Mas.., bu.. kudhune panjenengan bersyukur amargo duwe anak gemati marang wong tua, sregep ,jujur,kui mau titipan saka gusti Ingkang Maha Agung.”

181. BAPAK : “Yowes.. sak karepmu saiki aku ngakoni aku sek nyopet dompetmu, terus piye.?”

182. JURAGAN GUDEG : “Aku nepati janjiku ananging ana syaratte..”

183. BAPAK : “opo ?”

184. JURAGAN GUDEG : “Kowe kudu tresna , ngerumat anak bojomu!” “Nek nganti kowe nglangar penjoro siap.” Nek nganti kowe bisa tresna marang bojomu lan anakmu kanthi ikhlas tanpa paksaan aku bakal ngekekke kabeh bandaku lan anak bojomu dadi anggota keluargaku.”

185. BAPAK : “Ananging ngene wae, amargo aku ki wong ora duwe tur aku due anak bojo sek gemati karo aku , aku wegah ngorbanke anakku utawa ngedol anak bojoku mek dingo bandha ,ananging aku urip ora tentrem, anakku wis bisa nyadarke aku nek keluarga kui bandha sek ora iso di bandingke karo opo wae.”

192

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~