158. RINI : “Mboten mbok niki kula jujur.”
159. SIMBOK : “Opo buktine ?”
160. RINI : “Dompet niku kula temukaken wonten ing mriki mbok…”
161. SIMBOK : “Kui durung cukup nduk.., saiki bapakmu endi?
ADEGAN XVI
BAPAK METU
162. BAPAK : “Ngopo-ngopo ?” (nyelelek)
163. SIMBOK : “Pak opo bener bapak sek nyopet duwite Pak Slamet.”
164. BAPAK : “Ngawur wae kowe.”
165. RINI : “Pak….sakestu pak, ngaku mawon pak.!”
166. BAPAK : “Kowe pancen bocah kurang ajar.!!!”
167. RINI : “Pak kula nyuwun sepindah niki mawon!! Kula gadah Pangarepan supados bapak ngaku kemawon!”
168. SIMBOK : “Ho’o… pak, bapak durung pernah to nuruti kepinginan Rini..?” saiki pak wektune, ojo meneh iki ono sayembara bakalane nek ngaku dikeki tikel-tekuk pak..”
169. RINI : “Mboten mbok.. kula ngengken bapak ngaku mboten Amargi sayembara niku ananging, kula mboten purun luputipun bapak tambah kathah, nek menawi wonten kesempatan ngakun geh.. dimanfaatke kanthi becik.”
170. BAPAK : “Hahaha… Yonek sayembara kui tenan?” delok deweke Suing, ora ana rupa kayo wong sugih..,nek pancen sugih Mestine numpak rodopapat , dhandan necis,mlipis..”
171. JURAGAN GUDEG : “Aku pancen suing ananging iki kartu namaku.”
172. BAPAK : “Ow.. dadi kowe sek duwe gudeg paling terkenal ing Jogja.?”
173. JURAGAN GUDEG : “Yo.. nek kowe percoyo.?”
174. BAPAK : “Terus ngopo kowe dandan kaya ngana kui ?”
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
191