Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/211

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN XXIII

RINI AREP METU SEKO KAMAR , ANANGING DI GONDELIKARO BAPAKNE.

141. BAPAK : “Kosek .. Rin, ndene!”

142. RINI : “Menapa Pak..?”

143. BAPAK : “Kowe ngarani bapakmu iki ?”

144. RINI : “Injeh.. Pak..kula yakin bapak pelakune, sakniki bapak Ngaku Kemawon.!”

145. BAPAK : “Kurang ajar .. kowe .” aku mbok padakke maling Reti ora sayembara kui jebakan .”

146. RINI : “Mboten Pak .. Pak Slamet niku tiyang jujur Pak” Mboten mungkin Pak Slamet ngapusi .” BAPAK sak niki ngaku kemawon!”

147. BAPAK : “Nganti kowe jeleh , aku ra bakal ngaku.”


ADEGAN XIV

RINI MANGKEL METU KAMAR, BANJUR NYAPU ING NGAREPAN.

148. RINI : “Aku kepingin tenan BAPAK ngaku , aku ora pengen Sayembara Kui ananging aku kepingin saka kui lupute bapak ora akeh “Wes.. kui thok.”


ADEGAN XV

SIMBOK JOKO UWES MULIH SAKA BANK ANANGING WEKTU KUI SIMBOK KARO PAK SLAMET BARANG.

149. SIMBOK : “Rin..”

150. RINI : “Lho.. simbok ,kok sarengan kaliyan Pak Slamet?”

151. SIMBOK : “Ho’o..Pak Slamet kepingin dolan neng ngomahe awakdewe.”

152. RINI : “Duh….. leresan wonten adeganan ingkang kula ngendiaken.”

153. SIMBOK : “Hus…. apa Rin.?”

154. RINI : “Pak..niki dompete Pak Slamet to ?”

155. JURAGAN GUDEG : “Weh… kok iso neng kene?”

156. RINI : “Pak pelakune niku bapak kula. “

157. SIMBOK : “Rini.. kowe ojo ngawur.”

190

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~