Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/210

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN XXI

SIMBOK, RINI, LAN JOKO MULIH, BANJUR NENG KAMAR

123. SIMBOK : “Kowe sekolah ora Rin.?”

124. RINI : “Mboten Mbok, sekolahan nembe dingge pendaftaran siswa.”

125. SIMBOK : “Ow yowis malahane kowe tunggu omah yo.. bapakmu neng kamar.”

126. RINI : “Inggih .. Mbok.”

127. SIMBOK : “Aku tak lungo sedelok neng bank ro adimu.”


ADEGAN XXII

SIMBOK LUNGO BANJUR RINI SAKING PENASARANE ADEGANAN DOMPET DEWEKE NEKAT TAKON BAPAKNE.

128. RINI : “Aku penasaran banget aku kudu wani takon, aku kudu Genahke, aku wegah opo sek tak pangan mubengi seko duwit haram.” pakpak.”

129. BAPAK : “Ngopo ?

130. RINI : “Pak kula niki namung tanglet geh..”

131. BAPAK : “Ho’o takon opo ?

132. RINI : “Ananging bapak ampun nesu geh..”

133. BAPAK : “As… cepet!.”

134. RINI : “bapak kok saget maringi arto kaliyan simbok niku pripun Pak?”

135. BAPAK : “Opo urusane karo kowe?.”

136. RINI : “Pak niki kula nemukaken wonten ing ngajeng, niki kagungane juragan gudeg asmanipun Pak Slamet ten riki wonten KTP nipun.”

137. BAPAK : “Yo.… ngopo ?”

138. RINI : “Pak Slamet niku kicalan arto Pak ?” banjur Pak Slamet ndamel sayembara pak.. menawi pelakunipun ngaku Pak Slamet ajeng maringi tiket-tekuk pak..”

139. BAPAK : “Hahahaha aku ra percoyo.”

140. RINI : “Ow..geh empun Pak.”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

189