Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/208

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

di manfaatke Rin.. wis aku ora mbayangke bengi iki awake dhewe iso bareng-bareng mangan enak.”

97. SIMBOK: “Rin… saiki wis rampung saiki kowe nggugahbapak karo adimu!”

98. RINI: “Inggih.. mbok..”


ADEGAN XVI

RINI MLAKU BANJUR MLEBU KAMAR NGUGAH ADINE LAN BAPAKNE

99. RINI : “Pak.., Joko mangga pak.. masakanipun sampun mateng.”

100. JOKO : “Weh.. masak opo mbak..?

101. RINI : “Pepak.. dik.

102. BAPAK : “Yo…”


ADEGAN XVII

BAPAK, RINI, JOKO LAN SIMBOK MAEM BARENG ING PAWON BANJUR KELUARGA KUI MAPAN TURU. GANTI DINO, KOYO BIASANE SABEN ISUK RINI KARO MBOKNE NENG PAWON NYEPAKKE KAYU, ANANGING ANGGONE RINI MANGKAT ING PASAR RINI ORA BARENG KARO MBOKNE.

103. RINI : “Mbok..kula riyen ngeh..mengke ndak kula telat anggenipun sekolah.”

104. SIMBOK : “Yo.. kono ati-ati eh mengko dasarke kayune!.’

105. RINI : “Inggih.. mbok.”


ADEGAN XVIII

RINI METU DEWEKE NEMUKAKE DOMPET ABANG SING ORA ASING KANGGO DEWEKE

106. RINI : “Lho….opo kui ?” wealah.. dompet.”, eh iki kethoke duwene langganane simbok , Pak Slamet.” Cobo..ah tak bukak sapa reti Eneng KTPne, alhamdulilah eneng tenan.. Astagfirullah tenan iki gone Pak Slamet, ananging kok iso neng kene, pop iki ana kaitane kara duwit sing diwenehke simbok seka bapak?”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

187