Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/205

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

51. SIMBOK : “Pak..xiso sabar ora! mbok yo… sabar!” (mangkel)

52. BAPAK : “Ow…xkowe saiki wani karo aku.”

53. SIMBOK : “Pak… sabarku wis entek, aku wis ra kuat, nek pancen bapak tanggungjawab, bapak golek duwit makani anak-bojo.!”

54. BAPAK : “Halah..!

55. SIMBOK : “Opo…. bapak ora mesakke karo Rini lan Joko, Rini kudu ngewangi aku saben isuk, deweke wayae sinau malah kudu ngewangi mbokne Rini di ece, dinyek-enyek karo kancane apa… bapak ora mesakke.?”

56. BAPAK : “As…. lueh urusanmu.”


ADEGAN XII

BANJUR BAPAK LUNGO KETEMU RINI ANANGING ORA TOPO ARUH

57. RINI : “Assalamu’alaikum..”

58. SIMBOK : “Walaikum salam.”

59. JOKO : “Kok wis bali mbak?”

60. RINI : “Ho’o…. dik., guru-guru do rapat dadi yo Mbak Rini bali gasik.”

61. JOKO : “Ow… wah mbak aku dadi pengen sekolah meneh.”

62. RINI : “Yo….. Insyallah.., sesok nek simbok karo bapak duwe rejeki Joko iso sekolah meneh.”

63. JOKO : “Amin..”

64. RINI : “Mbok.. simbok kengeng menapa kok penggalihe kadosipun susah?”

65. SIMBOK : “Yo… ngene ki aku mangkel karo solah tingkahe bapakmu saben dino ming muringmuring terus, ora rubah ket mbiyen.”

66. RINI : “Sabar.. mbok, simbok pasrah mawon marang Gusti Allah Mugi-mugi keluarga kitha diparingi kathah rejeki.”

67. SIMBOK : “Amin.. yowis saiki kowe maem, banjur nyusul simbok karo Joko turu, leren!”

68. RINI : “Inggih.. mbok.”

184

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~