Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/204

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

aku Slamet aku dodol gudeg neng Tamansari.”

36. SIMBOK: “Ow mekaten niki anak kulo Rini..injeh alhamdulilah pak..!

37. JURAGAN GUDEG : “Yowis iki duwite, aku bakal tuku terus.”

38. JOKO

“Hehe…matur nuwun pak.”

39. RINI

“Mbok.. kula wangsul riyen nggih.. mengke

ndak kula telat Anggenipun sekolah.”

40. SIMBOK

“Ya… kono, ati-ati sarapane wis tak cepakke

neng pawon.”

41. SIMBOK

“Inggih .. mbok.”

ADEGAN IX

RINI MLAKU BALI,DEWEKE SIAP-SIAP SEKOLAH BANJUR PAMITAN KARO BAPAKNE ADEGAN X

42. RINI : “Pak… Rini sekolah Assalamualaikum.”

43. BAPAK: “Ya..” riyen nggih..,

ADEGAN XI

RINI MENYANG SEKOLAH, LET SEDELOK SIMBOK KARO JOKO MULEH, BANJUR SIMBOK KARO JOKO NENG PAWON NJANGAN DINGGO AWAN

44. BAPAK

“Mbok…!!! Endhi janganne.?” (nesu)

45. SIMBOK

“Durung mateng pak…”

46. BAPAK

“Wo… ket mau kowe ki ngapa neng pawon?

Wis pinjang, klenat-klenet meneh….wealah ra kalap.”

47. JOKO

“Wu….. bapak ki elek, ra kalap, soale bapak

ora sabar.”

48. SIMBOK

“Hus…. ora ngono kuwi karo bapak!”

49. JOKO

“Salae bapak nakal…” (mangkel)

50. BAPAK

“Wo… kurang ajar gedhe awake tur.. dadi

anak ora eneng gunane persis karo mbokne.”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

183