sile? Nasipe awake dhewe ora rubah tetep wae melarat.”
10. RINI : “Astagfiruallah pak…!” (nelongso).”
ADEGAN III
SIMBOK KRUNGU ANGGONE RINI LAN BAPAKNE UDUR, DEWEKE NENG NGAREP LAWANG.
11. SIMBOK : “Astagfiruallah pak..!!! karo anak kok ngomong koyo ngono. “Awake dhewe susah kaya ngene iki minangka cobaan pak.. ujian…!” (mangkel)
12. BAPAK : “Halah... ket mbiyen kowe ngomong kaya ngono..!” Aku nganti apal, cobaan, cobaan… ujian, ujian, ujian kok ra rampung-rampung.”
13. SIMBOK : “Rin… kana kowe neng pawon neruske gawean, nguntingi kayu!”
ADEGAN IV
RINI MLAKU NUJU PAWON NERUSKE ANGGONE NGUNTILI KAYU
14. SIMBOK : “Pak… nek pancen bapak kepingin nasipe awake dhewe rubah bapak ki usaha.. ora mung tura-turu, mancing, malah anak bojo sing golek duwit, anak loro cilik-cilik aku kabeh sek ngopeni... Aku ki wis pincang duwe bojo ra tanggungjawab kok le sial...!”
15. BAPAK : “Aaaaaaaaaa….lueh, sak karepmu aku wis jeleh krungu omonganmu, nek pancen ra iso ngopeni anak loro, sek siji iki guwangen!”
16. SIMBOK : “Wo… edan tenan kowe pak-pak.” Sak karepmu saiki aku ra ngurusi, aku ki mung iso ngelengke, aku ya wis jeleh karo tumindakmu..”
ADEGAN V
JOKO TANGI,AMARGO KRUNGU LE DO UDUR
17. JOKO : (nangis)
18. BAPAK : “Syokor “gilho… anakmu tangi. meneng!!!”
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
181