Kadha Aditya
SMA Negeri 1 Sedayu
ADEGAN I
SABEN ISUK KEMRUYUK PASAR WIS KRASA KAYA BIASANE SABEN ISUK SIMBOK NYEPAKKE KAYU DIDOL NENG PASAR, BANJUR RINI MARANI MBOKNE NGEWANGI SAK DURUNGE MENYANG SEKOLAH, DHEWEKE NGUNTINGI KAYU.
1. RINI : Mbok niki kayu nipun sampun kula untili.”
2. SIMBOK : Yo…kene cepet digowo ndene ora klenat-klenet.”
3. RINI : Inggih Mbok.”
4. SIMBOK : Soale pasar wis rame Galho.” kayune arep tak dadekke siji karo liyane.” Terus bar kui Rini ngugah bapak, bapak di elengke kon sholat ya!”
5. RINI : “Inggih mbok.”
ADEGAN II
RINI MLAKU AREP NENG KAMAR NGGUGAH BAPAKNE
6. RINI : “Pak.. pak …, subuhan riyen pak..!”
7. BAPAK : “As…ngopo kowe ki ? rasah nganggu bapak aja crigis kaya mbokmu!”
8. RINI : “Mboten pak…” kula nyuwun pangaputen kula namung ngemutaken supados bapak mboten kesupen anggenipun Sholat.”
9. BAPAK : “Yowis.. kono ngaleh. Heh…Rin…! apa kowe ki ora ngrasakke, kowe ro mbokmu saben dino sholat jengkang-jengking ning apa ha-
180
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~