208. SAHIDIN: Nanging rakyat ya tetep wae mlarat ta!
209. UDIN : Ora urusan sing penting Liga Dom Indonesia
210. SAHIDIN : Ora gagas Sing penting LPI ora tawuran
211. UDIN : Karepmu sing penting ra Tarkam
212. SAHIDIN : Urusanku sing Penting ra ngemis, wasite sogokan
213. UDIN : Nek aku sing penting stadione ora kayakandang wedus
214. SAHIDIN: Sing penting, sponsore Dudu barang haram
215. UDIN : Sing Penting Di akui ning ndonya, sponsore ora haram, solae ulama ya do udud
ADEGAN VII
SAHIDIN, AYU, UDIN, AGUNGGELAR, JOKORENEYO, SULEMUKADAR, ISEPBETTER ING ANGKRINGAN
216. AYU : Heheh ribute uwis kae deleng sing da teka sapa?
217. UDIN : Sulemukadar
218. SAHIDIN : Jokoreneyo
219. AYU : Wah eneng, Isepbetter karo Agunggelar barang
220. AGUNGGELAR : Sugeng awan sedaya (kabeh jawab gih sugeng awan)
221. AYU : Wah mangga bapak-bapak kok padha mriki gih
222. AGUNGGELAR : Aku ming pengen ngarampungke drama Kongres PZZI iki
223. SAHIDIN : Lha kok di rampungke pak
224. JOKORENEYO : Lha mengko ndak sing nulis karo sing ndeleng kesel
225. UDIN : Lha gaweane wartawan niku nulis pak, lan kita gih purun nonton kok
226. SULEMUKADAR : Iya kuwi agunggelar ngawur waton nutup kongres wae
178
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~