193. UDIN : Nanging haram wong sing gawe wong israel
ADEGAN VI
SAHIDIN, UDIN ING ANGKRINGAN
194. SAHIDIN : Lha nanging ulama2 kae da nganggo kok!lho iki aku entuk informasi seka kb yen kongres PZZI batal!
195. UDIN : Walah, ulama stres, weh gagal garagara Selemukadar kae paling
196. SAHIDIN : Ya ora ngono wong kae ki malah mandiri kok LPI ki ora aleman
197. UDIN : Walah lha tetep da ngotot jew nek Teorge karo Erafin kudu lolos
198. SAHIDIN : Ya kowe ki wagu kudune mbela deweke Teorge karo Erafin
199. UDIN : Bela piye wong marake Indonesia sengsara kok
200. SAHIDIN : Lha ya kowe kuwi pancen bodho
201. UDIN : Lha kok malah ngece aku bodho ki piye hah nantang gelut kowe!
202. SAHIDIN : Aku ora nantang gelut kok
203. UDIN : Lha ngapa ayo gelut wae, ora wani we, sulemukadar kae marake awak dewe ora isa ndelok timnas
204. SAHIDIN : Lha ya mending kae lha, mbangane awakdhewe ora nduwe dalan sing alus, mbokmending duwite di enggo gawe dalan sing alus
205. UDIN : Walah, ming masalah dalan we, kowe sugih ya ora tau mbayar pajek, nek LPI kan mandiri
206. SAHIDIN : Mandiri, mandiri lha nanging nek sing da bal-balan kae ora nduwe duwit kowe gelem mbayari
207. UDIN : Ya ora, lha kan ora nganggo duwit rakyat kok sing penting
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
177