144. AGUNGGELAR : Kowe kuwi kaya ora nduwe calon liya, wae
145. SULEMUKADAR : Lha liyane dha ora genah kabeh kok!
146. AGUNGGELAR : Lha apa kowe kuwi genah?
147. SULEMUKADAR : Aku genah, wis jelas aku mbela bangsa, malah ora kok dukung
148. AGUNGGELAR : Loh aku ki ndukung kok
149. SULEMUKADAR : Ora! kowe malah ndukung landa stres kae
150. ISEPBETTER : Malah ngece aku stres!
151. SULEMUKADAR : Lha ya pancen stres kok
152. ISEPBETTER : Ora!
153. SULEMUKADAR: Stres!
154. ISEPBETTER : Ora!
155. SULEMUKADAR : Stres kowe kuwi!
156. ISEPBETTER : Nek ora, ya ora
157. AGUNGGELAR : Wis dha meneng malah bayi kabeh!
158. ISEPBETTER : Ya gara-gara sulemukadar!
159. SULEMUKADAR : Malah ngarani aku, kowe kuwi, pokoke Teorge lan Erafin kudu lolos
160. AGUNGGELAR : Malah, rame terus kawit mau wis kongrese ora sido di mulai! (thok-thok mukul palu)
ADEGAN IV
SAHIDIN, AYU ING ANGKRINGAN
161. SAHIDIN : Sugeng enjing ayu
162. AYU : Sugeng enjing mas sahidin badhe tumbas napa gih?
163. SAHIDIN : Wedang jahe kaya biasane wae
164. AYU : Ning nek utang emoh aku mas
165. SAHIDIN : Ora, saiki mbayar, eh karo rokoke sisan, sing mereke Jarum 76
166. AYU : Wo nggih, wah njenengan niku ngobong duwit mawon
167. SAHIDIN : Ya ben duwit-duwitku kok ko ko kowe ngapa?
168. AYU : Lha wingi utange durung tok bayar jew!
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
175