Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/191

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

046. SULEMUKADAR: Nanging biasane sing di hukum barbarane malah dadi maju, wong Yunani di hukum we nyantai wae kok

047. JOKORENEYO: Lha nek kangge njenengan mboten masalah pak, njenengan golek duwit mboten seking bal-balan

048. SULEMUKADAR : Heh, ya main neng kene rak ya ora papa, sing penting tetep latihan

049. AGUNGGELAR : Lho njenengan niku pripun gih mesake pemainnipun saget oleh arta saking pundi, sponsoripun padha mboten purun

050. SULEMUKADAR : Lha nggih pak cobi wingi pas Desember menika sedaya lapisan masyarakat sami terhibur kalian prestasinipun Indonesia

051. SULEMUKADAR : Prestasi apa? ning final kalah kok prestasi apa kuwi maksudte

052. AGUNGGELAR : Nggih juara kalih kan nggih sampun lumayan, kita namung kalah setunggal thok.

053. SULEMUKADAR : Sing penting Juarane kok, dudu menange

054. Jokoreneyo : Lha Juara niku gih amargi menang ta pak pripun tha?

055. SULEMUKADAR : Ya ora mesti, pokokmen ning kepengin Indonesia Juwara Teorge kudu lolos.

056. AGUNGGELAR : Nggih mrika, matur FAFI nek mboten gih teng cas, ampun nesu-nesu kalih kita, kita namung nglasaknake tugas saking mandhat FAFI

057. SULEMUKADAR : As mbuh sing penting kudu jelas alasane nek ora di loloske, wis aku arep ning kulah sik kebelet nguyuh

058. JOKORENEYO : Pak sekedap Pak. Pak!!!

059. AGUNGGELAR : Lho malah lunga kae?

060. JOKORENEYO : Woo ora perduli karo wong okeh, mangga pak dipun mulai Isepbetter pun rawuh

170

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~