Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

senenge marga ramene panjalukan roti ing pasaran. Bebathen kang bisa karengkuh saka usaha-usaha rotine uga lumayan. Saben sasine omsete bisa nganti Rp 273.000.000,00. Nanging, ora saben dina kahanan panjalukan ing pasar rame. Kala-kala pasar sepi. Kahanan kuwi mesthi wae ndadekake Arif susah awit turahane roti kang ora payu ora bisa awet suwe. Apa maneh dheweke bisa rugi akeh.

Kejaba roti “Satria”, usaha rotine Arif uga roti “Aneka Boga”. Apa bedane? “Bedane, roti “Satria” iku luwih murah, biyasane kanggo konsumen manengah-mudhun. Yen “Aneka Boga” rada kacek, luwih larang. Biyasane konsumene manengah-munggah,” ujare Arif. Kajaba kuwi, bapak kang peputra pitu iku uga bukak toko kang ngedol bahan-bahan roti. Toko kuwi mapan ana ing ngarep pasar Bantul.

Jinising roti kang dipasarake mung ana loro. Kapisan, jinis roti manis, kayata roti semir keju, pisang coklat, lan roti meses. Kapindho jinis roti tawar. Dene regane roti maneka warna. Ana kang regane Rp500,00, Rp1.000,00, Rp2.500,00, Rp3.000,00, lan Rp 4.000,00.

Ora mung babagan usaha roti utawa golek bandha, Arif Triwidada kang lagi wae tindak haji bareng karo garwane ing Lebaran Haji taun iki, uga “murah rejeki” ing babagan putra. Priya kalairan Bantul, 15 Januari 1970 iku pinaringan putra pitu, yaiku Atiqoh Sabrina Dewi (17), Beladina Zahrina Dewi (14), Dewi Mu’adzah (10), Ahmad Ksatria Adi (8), Muhammad Ksatria Utama (6), Dewi Ma’rufah (4), Mahmud Ksatria Rijalul Haq (2).

Kabeh rejeki kang lumintir ing Arif Triwidada iku pancen ora mung marga kebegjan, nanging tansah dibarengi kanthi donga lan upaya kang temenanan. Kupiyane Arif Triwidada nuduhake, sing sapa wani gemi lan nastiti, bakal gangsar usahane. Arif si sales roti kang gemi lan setiti, kanyata bisa dadi juragan roti kang ditresnani dening pegawe lan konsumene.

6

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~