ADEGAN 1
WARUNG CILIK ING PINGGIR DALAN TENG CREMENTEL KLETIK-KLETIKAN UGI JEJANGANAN TANSAH KEMECER. WAYAH AWAN AREP SORE BIASANE JEJANGANAN KEMAU SAMPUN LARIS NANGING NGANTHI WAYAH SEMENE TESEH AKEH.
01. SUMEJO : Wah.. dodolan warung ra payu-payu, sepi.
02. DHULGENDHU : Ngapa ta kang...?
03. SUMEJO : Urip kuk kaya ngene.
04. DHULGENDHU : Jenengan ki ya ngapa ta kang gresula wae.
05. SUMEJO : Aku lagi budrek Dhul mikerke kahanan , jagake hasil warung ra mbejaji nanging kebutuhan anak akeh.
06. DHULGENDHU : Mboten sah mbog piker jero-jero kang namung marai stres.
07. SUMEJO : Piye le ra dipiker Dhul , nek kahanan kaya ngene.
08. DHULGENDHU : Jenengan pengin urip mulya temenan kang? ( alon suarane).
09. SUMEJO : Bola bali aku muni piye?
10. DHULGENDHU : Kula saget maringi caranipun kang.?
11. SUMEJO : Apa kui ..?
12. DHULGENDHU: Nanging resikone gedhe.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
159
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
159