Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ana ing taun 2000, perusahaan iki madeg ing Dhusun Geblak, Desa Bantul, Kecamatan Bantul, Kabupaten Bantul, migunakake bangunan kontrakan kang ambane mung 100 m². Wektu iku, roti "Satria" lagi kapasarake ing tlatah Bantul lan sakiwa-tengene. Pemasaran ing jaban Kabupaten Bantul lagi asipat tetepungan utawa promosi. Nanging, saiki pabrike wis pindhah ing Kaligawe, Bantul kang papane luwih amba tinimbang papan kontrakan kang mbiyen dinggoni. Senajan ora duweni cabang liya, asil rotine uga wis dipasarake ora mung ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, nanging uga ing tlatah Muntilan lan Klaten, dening juru dol (sales) tetep cacah papat lan juru dol mardika (freelance) cacah sepuluh.

Nalika nggarwa drh. Sri Rahayu (41) kang rikala kuwi isih kuliah, Arif Triwidada uga isih durung purna kuliah. Tekan laire putra mbarepe, Arif mung bakul srabutan sakenane. Apa wae didagangake waton halal lan entuk dhuwit. Rikala kuwi dagangane awujud piranti-piranti olah-olah lan sandhangan. Arif uga tau cekel gawe dadi sales roti. Sapa nyana saiki dheweke ora mung dadi sales roti, nanging wis dadi juragan roti kang sukses. Wiwitane, Arif Triwidada anggone ngasilake roti mung diewangi wong lima. Rikala iku, piranti-piranti lan paitan dhuwit kang diduweni uga mung pas-pasan. Saiki cacahe pegawene ana 30 wong. Telung puluh pegawe kuwi kudu nyukupi panjaluke roti ing pasaran kang cacahe 15 sak (1 sak = 1000 roti) saben dinane, lan dipingke 26 saben sasine.

"Nek resepe, mbiyen Ayah yoming entuk ilmu seka kuliahe. Nek saiki le ngembangke ya merga ana demo-demo. Yen ora merga kuwi, biyasane Ayah utawa karyawane kang wis dipercaya melu seminar-seminar masak roti," ujare Sabrina putra mbarepe kang ngaturi bapakne kanthi sesebutan "Ayah". Kajaba kuwi, kanggo nambahijinising roti (kanggo inovasi), Arif uga kerep njajal resep dhewe, melu kursus-kursus, lan golek sumber liyane saka internet.

Yen ditakoni kasenangan lan kasusahane anggone nindakake usaha dadi bakul roti, Arif kang saiki mapan ing Pinggir 01, Sidomulyo, Bambanglipuro, Bantuliku ngaku yen dheweke akeh

~ Bantul Sangsaya Pinunjul

5