wong tuwamu ngolehke awake dhewe neruske nalika ora awake dhewe cukup kekancan wae. Piye Nok?”
182. ANGGUN : “Yoh,,,aku gelem”. Wis jam 7 kok urung muleh yo Bapak, simbokku”
183. LEZANO : “Aku ndredeg Nok, diseneni ora yo?. Dilit engkas rakyo bali.”
184. Anggun : “Sante wae Mas, ora nyokot wis . Nah kae bali”
ADEGAN II
KETOK JAM 7 WONG TUWANE ANGGUN DURUNG BALI, NANGING ORA SUWE BANJUR BALI.
185. BAPAK : Assalamu’alaikum
186. ANGGUN : Wa’alaikumsalam. Kok lagi kondur je Pak
187. BAPAK : Mau simbok lagi masakke simbah dadi rodo suwe. Dikancani Lezano ta iki mau (Lezano salaman karo wong tuwane Anggun)
188. LEZANO : Nggeh Pak (Sumeh)
189. SIMBOK : Ket kapan le?
190. LEZANO : Sampun ket wau jam 5, Mbok
191. ANGGUN : Kok sore-sore ta le. Ana opo ta? Sesug meneh aja wengi ngene yo Le, ora penak karo tangga.
192. BAPAK : Hooh Le. Ndak darani ngopo-ngopo, opo maneh saiki ora ana sapa-sapa. Aja nesu yo Le, Bapak karo simbok kur ngelingke
193. LEZANO : Enggih Pak, Mbok. Pak , Mbok kulo badhe matur kula kalih Anggun nyuwun restu menawi kula pengen macari putrane njenengan. Pripun Pak, Mbok?”
194. BAPAK : Piye yo Le. Anggun iki iseh sekolah, karepku tak kon miker sekolah sikek aja pacaran. Nanging gandheng Anggun yo wis tresno tenan karo kowe aku ngolehke
195. ANGGUN : Piye Mbok?
196. SIMBOK : Ealah Le,,,,. Wingi-wingi aku yo ora ngolehke anakku pacaran karo kowe, nanging saiki tak olehke amarga Anggun cerita terus tentang
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
157