ADEGAN I
71. LEZANO : Ayo Nok dolan neng Karng Tengah wae
72. ANGGUN : Arep ngopo Mas ndono? Mbak Chacha piye?
73. LEZANO : Ndelok wong adus Nok hehe. Aku mau diputus karo Chacha kok Nok, yoben karepe wonge nek wonge iseh seneng rakyo ngajak balikan Nok
74. ANGGUN : Gara-gara kaos kaki mau, lha kowe yo isih seneng karo Mbak Chacha ora?
75. LEZANO : Ho’oh Nok, kaya cah cilik banget ta. Ora kok Nok, rasa tresnaku wis ilang gara-gara mau wonge omong atos. Ora seneng banget aku Nok, yen ana wong wedok omongane kaya ngon. Mugo-mugo wae kowe aja niru
76. ANGGUN : Ora bakalan mas aku niru omongan ra bener kaya ngono. Seumpamane Mbak Chacha ngajak balikan piye Mas?
77. LEZANO : Ora ngerti aku Nok . Lha piye ta Nok
78. ANGGUN : Aku pengen jujur Mas karo kowe, nanging kowe engko aja nesu yo karoaku (Deg,,,deg…deg….)
79. LEZANO : Ora Nok. Lha arep jujur masalah apa ta Nok?
80. ANGGUN : Masalah atiku Mas, sakjane aku ki tresna karo kowe ket biyen nanging aku ora wani omong amarga aku ki isin karo kowe, masak wongwedok nembak wong lanang.
81. LEZANO : Hah ??. ket kapan Nok kowe seneng aku. Lha ngopo isin barang ki Nok, jaman saiki okeh kok wong wedok nembak wong lanang
82. ANGGUN : Aku ora ngerti Mas ket kapan aku seneng kowe, nanging yen kowe neng sekolahan cerak banget karo Mbak Chacha sakjane atiku ki lara Mas nanging tak ampet.
83. LEZANO : Nok, kok isoh seneng aku ki piye? Terus apa jal sing tak senengi seko aku ki, Aku mung wong elek anake wong ora duwe
84. ANGGUN : Aku yo ora ngerti Mas, Ngpo ta aku ki
seneng kowe?(Mbrambangi)
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
149