326. BU ANA : Nggih Bu mboten napa-napa. Kowe arep ngundang sapa wae nok?
327. IFAH : Kula kepingin namung wong-wong sik anten ten riki mawon Bu
328. TOTOK : Ya ra papa, iku wae ya ra papa
329. PAK ANTO : Saiki wis wengi, wis tinimbang padha mulih wis nginep kene wae ya Nok
330. TOTOK : Nggih pun Bu Pak kula kaliyan Ibu pamit riyin (LUNGA)
331. BU ANA : Ati-ati Le
332. AGUS : Wis gek padha turu kana
PADHA TURU KABEH ING NGAREP TV NGGO KLASA AWAN ING NGOMAHE PAK ANTO
333. MARNI : Wah enak-enak ya panganane
334. SARI : Wus ora mangan wae
335. BU ASNA : Saiki wektune ijolan ali-ali
336. TYA : Aja diteruske maneh.
337. BU ASNA : Lha ngapa kok aja ki?
338. TYA : Totok, kowe ora entuk karo Ifah, calon anakmu luwih mbutuhke kowe
339. IFAH : Maksude apa iki Mbak?
340. TOTOK : Aja ngomong ngawur kowe
341. TYA: Aku ora ngawur, aku meteng calon anakmu
342. AGUS : Apa iki, kowe meteng? aja ngawur kowe
343. TYA : Aku wani sumpah
344. PAK ANTO : Apa beber kowe tau ngelakokke kuwi karo bocah wadon iki?
345. TOTOK : Kowe ki isa tekan kene ki reti saka ngendi?
346. TYA : Ora penting sapa sik ngandani aku
347. PAK ANTO : Tenan Le?
348. TOTOK : IiiiNnggggiih Pak
349. IFAH : Aku ora sudi rebutan wong lanang karo bayi. Uwis wae mas aku emoh karo kowe (Napok Totok lan mlayu metu)
142
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~