300. TOTOK : Ini mau seka mampir maem ning dalan. ngapunten nggih Bu Pak?
301. BU ANA : Iya Le ra papa kok
302. TOTOK : Nggih pun Bu kula lajengan mawon, Mangga Bu Pak. Ayo Gus (Lunga)
303. BU ANA : Ya Le ati-ati
MALEM MINGGU BOCAH-BOCAH PADHA DOLAN
304. MARNI : Aku seneng saben malem Minggu nang kene ki mesti akeh kancane.
305. IFAH : Mugakna sesok yangmu dijak rene wae
306. SARI : Marni duwe yang, mesakke yange. Hahahha
307. AGUS : Wuh dieche kuwi kowe nduk
308. PAK ANTO : Aku ya seneng nek anggon mu yang-yangan kaya ngene. Aja ndelik-ndelik ora apik.
309. BU ASNA : Bu Pak, iki kepiye? anake dhewe
310. BU ANA : Nggih nek Ifah niku sak niki sampun manutmanut mawon kok Bu
311. BU ASNA : Ya wis, nek wis ngono kapan arep ngersmekake?
312. IFAH : Ngresmeake? maksudipin napa nggih?
313. TOTOK : Maksude Ibu kita Dhek awak dhewe tunangan
314. PAK ANTO : Tunangan? Ifah iku taseh alit Bu
315. BU ASNA : Kan mung tunangan udu rabi
316. BU ANA : Kula purun Bu, nanging utang kula pun di anggep lunas ta?
317. PAK ANTO : Kowe ki apa ta Bune?
318. BU ASNA : Hooh, utangmu wis tak anggep lunas.
319. BU ANA : Kowe gelem ta nduk?
320. IFAH : Nggih nek niku saget nutup utang nggih pripun malih
321. ITA : Kowe serius dhek?
322. AGUS : Wis ta Dhek aja melu-melu
323. IFAH : Hooh Mbak, aku wis pasrah
324. BU ANA : Badhe kapan Bu?
325. BU ASNA : Sesok piye?
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
141