277. IFAH : Iki loh dipeksa tresna kaya ngene ki sik ora tak senengi
278. SARI : Sabar Fah, iku cobaan saka Gusti Allah
279. TYA : Kowe ki wong wadon ora reti isin
280. IFAH : Aku ki salah apa ta Mbak?
281. TYA : Aku ora seneng kowe cerak karo Totok, aku yange Totok
282. MARNI : Wis mbak aja padu maneh isin, didelok bocah-bocah
283. SARI : Kana Ni Ifah dijak mlebu kelas
284. MARNI : Ya, ayo mlebu Fah (Lunga)
285. SARI : Mbak apa tenan Mas Totok ki yang mu?
286. TYA : Ya tenan, tapi ndisik urung suwi aku diputus
287. SARI : Lha ngapa mbak kok diputus?
288. TYA : Aku ya ora reti, ngerti-ngerti putus ngono wae
289. SARI : Sak retiku saiki Mas Totok karo Ifah Mbak.
290. TYA : Tenan pa Dhek?
291. SARI : (Rindik) tenan Mbak aku ora ngapusi, tapi aku ya ora seneng karo hubungane kuwi. Apa sik isa tag ewangi nggo Mbak?
292. TYA : Karepmu apa? bukane kowe karo Ifah ki kekancan ta?
293. SARI : Iya aku pancen kekancan tapi aku rada ora sreg karo Ifah Mbak
294. TYA : Ya ngene wae kowe kudu menehi laporan karo aku saben ana apa-apa sik anyar
295. SARI : Oke Mbak pokoke beres bos. Ya wis Mbak aku mlebu sikik ndak mengko padha curiga
296. TYA : Yayayaya kana gek mlebu. Nuwun sadurunge ya Dhek (Lunga)
BABAK VII
ANA ING PAPAN DAYO
297. FAH LAN TOTOK: Assalamu'alaikum
298. BU ANA LAN PAKANTO : Wa'alaikumsalam
299. AGUS : Kowe ki seka ngendi wae ta Fah? yahmene kok lagi bali
140
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~