229. ITA : Kok kowe tega ta mas. Mbok aja misahke tresna sek uwis kraket mas.
230. AGUS : Piye maneh dhek? bapak lan Ibu urung bisa nyaur je, masak iya omah iki arep dijaluk nggo bayar utang.
231. ITA : Ya wis dhek ditampa wae, percaya wae nek wong apik bakal entok wong apik.
232. IFAH : Ho oh mbak. Aku percaya.
233. ITA : Itung- itung kanggo ngewangi wong tua.
234. IFAH : Iya Mbak
235. ADI : Assalamu’alaikum
236. IFAH, ITA, LAN AGUS : Wa’alaikum salam
237. ITA : Rene Di ngabung
238. ADI : Weh ana Ita ta, wis ket mau Ta?
239. ITA : Ya sak untara
240. AGUS : Ana perlu apa kowe rene?
241. ADI : Kula muk pingin golek katrangan karo Dhek Ifah mas
242. IFAH : Pripun Mas. Anten napa?
243. ADI : Aku butuh katrangan dhek.
244. IFAH : Lha nggih wingi nika Mas. kula kudu njelske pripun maleh?
245. ADI : Aku tetep urung isa ngeculke kowe Dhek?
246. AGUS : Uwis ta, Aja di bahas maneh
247. ITA : Aja nesu ta Mas, wis ayo sida mara nang ngone Budhe ora?
248. AGUS : Ya sida, ayo saiki wae Dhek. Di uwis aja tok gawe bingung adhiku (Lunga)
IBU LAN BAPAK METU SAKA KAMAR
249. PAK ANTO : Weh ana Adi, Saka ngendi Le?
250. ADI : Saking griya Pak
251. BU ANA : Ana apa rene Le?
252. ADI : Mboten wonten napa-napa namung dolan Bu, kaliyan pingin ketemu Dhek Ifah.
253. BU ANA : Le saiki uwis dudu kaya biyen maneh. Ifah saiki uwis ora bisa kaya biyen, Ifah tak jodohke karoTotok.
138
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~