202.TOTOK : Hoohe lagi apel je. Lha kowe kok ya nang kene dhek?
203.AGUS : Aku salin dilit ya Dhek
204.ITA : Iya Mas. Hooh mas aku yange Mas Agus
205.IFAH: Hooh mbak Ita iku yange Mas Agus Mas
206.TOTOK : Yaw is lah dhek aku tak bali ya
207.BU ANA : Loh kok andang bali, iki lho diujuk riyen
208.IFAH : Iki mas di mimik sikik nggo nglegani Ibu
209.TOTOK : Nggi-nggih dhek (Ngombe). Nggih pun Bu kula pamit riyen nggih (Salaman karo Bu Ana)
210.BU ANA: Nggih, ati-ati.Eh dhek Ita nunggoni Mas Agus nggih. Nggih pun dhek Ibu lebet riyin nggih
211.ITA : Inggih Bu
212.AGUS : Totok wis bali ta dhek?
213.IFAH : Uwis mas lagi wae
214.ITA : Lha Adi kok ora rene dhek? 215. AGUS : Uwis aja sebut Adi maneh
216. ITA : Lha ngapa ta mas?
217. AGUS : Koe ki ora reti urusane. Uwis kowe meneng wae.
218. ITA : Kok ngono? Ngene lho mas, mbok cerita karo aku, sapa reti aku isa ngewangi.
219.AGUS : Ora, rasah. Aku isa dewe.
220.IFAH : Ngene lho mbak, ak kku . .
221.AGUS : Ngene ngapa? Kowe mbok manut wae isa ora?
222.ITA : Mas, aja ngono karo adhike hdewe. Tok wenehi wektu ta mas ben Ifah cerita.
223. AGUS : Sakarepku, adhik add .
224. IFAH : Wis mas, aku wis ora kuat mendem iki. Ngene mbak, aku dijodohke karo Totok.
225. ITA : Dijodohke? Kok isa?
226. IFAH : Ngene mbak, wong tuaku duwe utang karo Ibue mas Totok. Tapi ora isa nyaur. Nah ibune mas Totok bisa nglunaske utange wong tua ku sanajan aku gelem dadi karo mas Totok.
227. ITA : Ya ampun. tenan kuwi mas Agus?
228. AGUS : Iya, tenan dhek.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
137