178. TYA : Apa ta ikiki maksude?
179. SARI : Kenapa mbak?
180. TYA : Aku ora seneng weruh Totok cerak karo wong wedon kae
181. SARI : Padha mbak aku ya ora seneng mbak
182. TYA : Hah kowe ya ora seneng ta bukane kowe kancane cerak?
183. SARI : Ya nak aku ki ora seneng wae
184. ITA : Ayo dhek bali!
185. SARI : Iya mbak dilit. Mengko nak ana apaapa tak kabari mbak. Aku sikik ya mbak(Lunga)
BABAK V
ING PAPAN DAYO
186. IFAH LAN TOTOK : Assalamu’alaikum
187. BU ANA : Wa’alaikumsalam. Eh Mas Totok rikiriki lengah riki.
188. TOTOK : Inggih Bu, matur nuwun
189. BU ANA : Ngujuk napa Mas?
190. TOTOK : Mboten sah repot-repot Bu
191. BU ANA : Ah mboten repot kok
192. PAK ANTO : Nduk nek bali sekolah iku salin lan wijik sikik ta ya nduk
193. IFAH : Inggih Pak, Mas kula tinggal riyen nggih (Lunga salin)
194. BU ANA : Nggih mengke riyin nggih Mas, ibu tak damel unjukan riyen
195. TOTOK : Nggih Bu
196. IFAH : Ngapunten nggih mas
197.TOTOK : Ora papa kok dhek. Piye mau le sekolah
198.IFAH : Biasa mawon Mas
199.AGUS LAN ITA : Assalamu’alaikum
200.IFAH : Wa’alaikumsalam. Eh mbak Ita. riki mbak!
201.ITA : Lho kok Mas Totok ten riki?
136
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~