156, ADI : Kenapa adhek saiki karo Totok? terus aku kepiye dhek?
157. IFAH : Adhek sayang marang Mas Adi. Adhek naming manut Ibu lan Mas Agus.
158. ADI : Maksude adhek?
159. IFAH : Bapak kaliyan Ibu kagungan utang kaliyan kaluwarganipun Mas Totok. Lan dereng saget nyaur.
160. ADI : Terus dhek?
161. IFAH: Adhek kudu cerak kaliyan Mas Totok nge nutup utang niku Mas. Adhek nyuwun pangapunten nggih Mas
162. ADI : Ya wis lah dhek. Mas tetep tresna marang sliramu. Mas bali nang kelas ya (Salaman)
163. IFAH : Ati-ati Mas
164. TOTOK : Kae ta dhek sik dimaksud karo kakangmu?
165. IFAH: Inggih mas. Mas Totok,m sak tenane kula mboten tresna marang sampeyan. Kula tresna marang Mas Adi.
166. TOTOK : Aku ora peduli dhek. Sik penting kowe mengko bali karo aku
BEL MLEBU MUNI PARA SISWA MLEBU KELAS DHEWEDHEWE
BEL BALI MUNI, ING NGAREP KELAS
167. TOTOK : (Lungguh ing ngarep kelas 1)
168. TYA : Kowe ngapa nang kene? ngenteni aku pa?
169. TOTOK : Sapa yaen sik ngenteni kowe ki, PD
170. TYA : Lha terus sapa?
171. SARI LAN MARNI : Eh Mas Totok uwis tekan kene wae. Hahaha
172. TOTOK : Ifah endi dhek?
173. IFAH : Iya Mas aku nang kene kok
174. TOTOK : Ayo dhek gek bali wae selak awan ki
175. IFAH : Aku ndisik ya (Lunga)
176. MARNI : Aku ya bali ya Ri (Lunga)
177. SARI : Iya ati-ati ya
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
135