87. PAK ANTO : Nggih ampun ngoten niku ta Bu. Tresna niku mboten saget didol kangge nutup utang.
88. BU ASNA : Gelem apa ora?
89. BU ANA : Inggih Bu purun-purun kok
90. PAK ANTO : Bune ki apa ta? Ikiki masalah rasa tresnane anakmu reti ra?
91. BU ANA : Wis ta pakke aja melu-melu
92. BU ASNA : Wis-wis iki pikirna maneh. Mengko kowe sms aku apa telpon aku ngandani kaputusanmu. Wis aku bali, nanging eling nak kowe padha ora setuju omahmu iki dadi duwekku.(Lunga)
93. BU ANA : Le kana Ifah kon rene
94. AGUS : Inggih Bu. (Marani Ifah) Dhek ayo metu, kae kowe di celuk Ibu
95. IFAH : Inggih mas (Marani ibu bareng Agus)
96. BU ANA : Rene-rene nok lungguh cedak Ibu.
97. IFAH : Wonten napa ta Bu?
98. BU ANA : (Ngelus rambute Ifah) kowe reti ta nok. Nek kaluwargane dhewe ki lagi ana utang akeh karo Bu Asna.
99. IFAH : Inggih Bu. Pripun?
100. BU ANA : Bapak lan ibu durung bisa nyaur tekan saiki ta nduk. Lha Bu Asna menehi pilihan sik rada gampang.
101. IFAH : Inggih terus Bu?
102, BU ANA : Anake Bu Asna seneng karo kowe nduk, lan utange dhewe bakal lunas nek kowe gelem dadi karo Totok putrane
103. PAK ANTO : Uwis bune nek anake ora gelem aja dipeksa
104. BU ANA : Wis meneng ta pakke
105. IFAH : Nangingkan ibu,bapak kaliyan Mas Agus pun retos ta, Ifah niku empun kagungan Mas Adi
106. AGUS : Aku mau ki yaw is ngomong dhek nanging ora digagas karo ibue kae
107. IFAH : Ifah mboten purun pokokmen(Nangis, mlayu mlebu kamar)
108. PAK ANTO : Gela ta bune nek keaden kaya ngene
132
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~