65. AGUS : Hooh. Lha ngapa ta Tok kok kowe mau ora mangkat sekolah?
66. TOTOK : Ora papa. Gur ngeterke Ibuku nagihi utang
67. AGUS : Wo kowe anake ibue iki.
68. IFAH : Assalamu'alaikum Ibu Bapak
69. PAKANTO LAN BU ANA : Walaikum salam nok
70. TOTOK : Ayuneeee
71. PAK ANTO : Wis-wis kana Gus adhimu dijak neng kamar wae.
72. AGUS : Kana dhek kowe mlebu wae.
73. IFAH : Mangga sedaya
74. PAK ANTO : Kowe kok ora mlebu Le. Kana mlebu!
75. AGUS : Mboten mawon Pak, kula ten riki mawon
76. BU ASNA : Piye iki anggonmu arep nyaur utang ki?
77. AGUS : Mbok wong tuwa kula di paring wekdal malih Bu.
78. TOTOK : Bu aku seneng karo Ifah piye nek aku dadi karo Ifah?
79. BU ASNA : Apa? kowe seneng karo Ifah?
80. TOTOK : Hooh bu
81. AGUS : Nyuwun ngapunten Bu, Ifah niku sampun gadah yang.
82. BU ASNA : Nek anakku seneng aku dadi wong tuwa ya melu seneng. Tapi nak bab wis duwe yang apa urung aku ora pingin reti.
83. AGUS : Nangin pripun nggih Bu
84. BU ASNA : Ngene wae kowe-kowe pingin utangmu padha lunas ora?
85. BU ANA : Inggih pingin Bu, pingin saestu pingin
86. BU ASNA : Ya golek gampangane wae. Utang mu tak anggep lunas nek anak wadon mu Ifah isa dadi karo anakku Totok
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
131