47. SARI : Mesti lagi ana perkara ing kaluwargane
48. MARNI: Hooh mesti. Aku malah mesakke Ifah
49. SARI: Wis-wis ayo mlebu galo Bu Ema wis mlaku rene(Mlebu kelas)
BABAK II
ING OMAHE PAK ANTO
50. PAK ANTO : Manga-manga Bu mlebet riki. Ayo Dhek Totok mlebet.
51. BU ASNA LAN TOTOK : (Mlebu lan lungguh)
52. PAK ANTO : Ngunjuk napa Bu? Teh napa bening?
53. BU ASNA : Ora usah. Langsung wae, kapan anggon mu arep nyaur utang?
54. BU ANA : Nyuwun ngapunten Bu kula sak kaluwarga dereng kagungan arta kagem nutup utang Bu.
55. BU ASNA : Jarene wengi muni arep nyaur dina iki. Saiki wis tak parani, ya muni urung isa nyaur. Sajake kowe ki padha niat nyaur ora ta?
56. PAK ANTO : Niat Bu niat
57. TOTOK : Ya nek niat iku ya gek ndang dibayar Pak. Napa omah iki wae sek arep dingo nyaur?
58. BU ASNA : Apa Le? omah iki arep dadekke jaminan? ora cukup reti
59. PAK ANTO : Nggih ampun Bu. Mangke kula sak kaluwarga mboten gadah papan alih
60. AGUS : Assalamu’alaikum
61. PAK ANTO LAN BU ANA : Wa’alaikum salam
62. PAK ANTO : Kok uwis bali Le? lha adimu endi?
63. AGUS : Lha Agus kwatir kalih Bapak kaliyan Ibu. Adhek anten kok Pak nanging ten wingking.
64. TOTOK : Loh kowe ki anake Pak Anto ta Gus?
130
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~