Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Aku uga percaya Gusti Kang Maha Kuwaos bakal paring dalan, amarga aku kepengen tetulung kanca-kancaku,” tuture Mbak Ana.

Ngrembakane usaha anyaman biting ora mung dirasakake dening Mbak Ana, nanging uga dialami Mbak Tinah, salah sawijining pengrajin mitra usahane Mbak Ana. Amarga anyaman biting, Mbak Tinah sing maune nganggur, 5 taun kepungkur bisa ngewangi garwane nyukupi kabutuhan urip. “Alhamdulillah, kula sakniki saged pados rejeki tambahan, saged kangge tumbas-tumbas bumbu,” kandhane Mbak Tinah.

Memitran usaha karo Mbak Ana, Mbak Tinah wis ngrasa kepenak, awit bahan lan alat wis dicawisake dening Mbak Ana. Mbak Tinah mung kari njupuk bahan sing dibutuhake ing omahe Mbak Ana.

Kanggo nyukupi kabutuhaning usaha anyaman biting, sesasi sepisan Mbak Ana kulakan biting ing tlatah Pangandaran, Jawa Barat. Adoh-adoh tekan Pangandaran awit ing kana bitinge luwih apik, resik, lan gedhe-gedhe. Kanthi mengkono, biting luwih gampang dianyam saengga anyaman sing diasilake uga luwih apik.

Kejaba iku, Mbak Ana uga nyawisake bolah sing wis digulung gedhe-gedhe kanggo nganyam biting. Anggone kulakan bolah uga ing tlatah Pangandaran, nanging papane beda karo sing kanggo kulakan biting. Dene piranti kanggo nganyam biting kagawe saka kayu, wujude kothak. Piranti iku digawe dening tukang sing uga makarya ing usahane Mbak Ana.

Bab anggone masarake, Mbak Ana nerangake, yen anyaman biting iki lagi setengah dadi mula banjur digawa marang perajin liya. Mula anyaman sing disetor dening para mitra usahane Mbak Ana luwih dhisik ditliti sakdurunge ditampa Mbak Ana. Saben mitra perajin setor anyaman 5 meter. Menawa ana sing kurang apik, anyaman banjur dibalekake supaya didandani. Anyaman sing wis apik ditumpuk lan siyaga dikirim marang perajin biting liyane. Anyaman iku banjur digawe dadi wadah tisu, ornamen lemari, pigura, lan sapanunggalane.

2

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~