05. ADI LAN IFAH : (Marani Sari lan Marni)
06. ADI : Hayoo padha lagi ngomongke sapa?
07. MARNI : Eh Mas Adi lan Ifah. Dingaren yahmene wis mangkat? biasae bel muni we urung mangkat. Hehehe
08. IFAH: Ngece ki critane
09. MARNI : Ora Fah awak dhewe muk guyon kok. Aja nesu ta.
10. IFAH : Hemt. Nggih pun Mas, Mas Adi gek teng kelas mawon mengke ndak elak mlebet.
11. ADI : Ya Dhek. Aku tak mlebu sikik ya. (salaman karo Ifah). Aku ndisik ya (Lunga)
12. MARNI LAN SARI: Inggih Mas
13. SARI : Kowe wis ngarap PR akuntansi Fah?
14. IFAH : Uwis kok. Mesthi kowe padha urung ta? yaw is yo mlebu wae, gek nek dha arep ngarap gek dha ngarapa.
15. SARI : (Gugup) kowe sikik wae Fah, aku isih ngenteni mbak Ita.
16. IFAH : Ya aku ndisik ya (Mlebu kelas)
17. MARNI : Kowe ki kangsenan karo Mbak Ita tenan ye?
18. SARI : (Rindik) stttt ora aku ki muk bingung Mas Adi karo Ifah kok isa betah suwe ya?
19. MARNI : Mbok ya ben ta, ngapa? kowe ra seneng?
20. SARI : Ya o…orrrra ngono ta ya Ni. Akkk
21. MARNI : (Medot) nek ora ngono ya wis dinengke wae. Wis ta ayo mlebu !
BOCAH LORO KUWI MAU BANJUR MLEBU KELAS BEL ISTIRAHAT WIS MUNI. BOCAH-BOCAH PADHA METU KELAS
22. MARNI : Woo alah Gusti, mumet aku mikir akuntansi.
23. IFAH : Mumet kenapa ta Ni?
128
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~